Minggu, 03 Februari 2013

CILIKKANKU

Aku dilahirke ono ing tlatah deso Sanggrahan rikolo 31 tahun kepungkur, saiki aku arep menehi cerito tentang cilikkanku!
Aku dilahirke wayah bakdo magrib, peneripun tabuh 7 mbengi...kolo kuwi meneri dino jumat kliwon, menurut simbah kang nduweni kaweruh......sopo dene anak kang lahir ing dino jumat kliwon...bocahe mengko nak gedhe bakal kendel anggone urip. Aku setengah percoyo stengah ora...jan-janne ming mitos po tenanan.

Aku lahir dadi anak ragil soko simbok lan bapakku, aku lahir kanti normal kang dibiantu bidan sing ono neng kampungku.......... aku ijih kelingan ket saiki penere omahhe lan jenenge......yoiku Ibu Manumpil, tapi sayang Bu Manumpil sampun tilar donyo amargi yuswonipun sampun sepuh.

Seko bayi nganti gede iki ,  tentune akeh kenangan lan pengalaman sing aku lakoni.
Jaman cilikkanku sak durunge mlebu sekolah TK Kanisius Sorowajan......aku seneng dolanan ono ing latar bareng konco-kancaku. dolanan jaman kui contone yoiku......

Nekeran
Nekeran/ main kelereng saat iki akeh bocah cilik jarang dolanan....soale wis akeh latar kang saiki wis dibangun omah, tur ndene bocah saiki mngkin wis males nak arep dolanan nekeran..........:(
Istilah istilah sak njerone dolanan nekeran:
1. Gasang  : yoiku jumlah neker kang di gasangke ono njero enggon gasangan, biasane ono kesepakatan 
    karo konco dolanan arep gasang jumlahhe piro.
2. Gacuk    : Yoiku neker pilihan kang digawe kanggo main nekeran biasane neker sing disenengi.
3. Uncal    : Yoiku nguncalke neker gacuk ...nyedakki panggon gasangan sopo gacuk kang paling cedak iku
    bakal nimplik nomor siji ...nak sing paling adoh yo dadi le terakhir.
4. Nimplik  : Yoiku coro main neker supoyo mlayu nganggo driji tangan kanthi di sentil nganggo driji tengan .
    iki mbutuhhake tangan loro masalahhe.
5. Jentot     : Yoiku coro main neker supoyo mlayu nganggo driji tangan kanthi di sentil nganggo driji jempol
6. Klinik     : Yoiku gacuk dicedakake ono ing sekitar gasangan.
7. Biri        : Yoiku gajuk dicedakke ono ing gasangan cedak banget karo neker gasangan.
8. Ndil       : Yoiku nimplik gasangan ananging gacuk mau muser sak tengahhe njero gajangan....ndil iki sing
    duwe gacuk wis ora oleh main meneh lan mbalekke "in" utowo intukke neker neng njero gasangan ...artine
    wis kalah.
9. In         : Yoiku neker le oleh soko hasil ngetokke gasangan.
10. Nyembir  : Neker le di jentot opo di timplik ngenani neker liyane.

Sebenare ijih okeh istilah ono ing dolanan nekeran...sok nak kelingan tak tambahhane.