Selasa, 12 Maret 2013

CANDHI IJO  LAN SOJIWAN  
Muwuhi Cacahe Papan Wisata Candhi Kompleks Prambanan.
            Tekan dalan jurusan Prambanan – Piyungan ( ngalor - ngidul) Djaka Lodang (DL) banjur menggok ngetan ngunggahi dalanm nracak aspalan bodhol ing sikile Pegunungan Sewu iring elor.  Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduihake wektu 12.30 WB nalika DL ketug papan sing dituju. Hawa panas krana sumube  hawa saka pegunungan gamping  saya gawe gerahe awak sing gemrobyos ing tengahe srengenge panjer rina.
Iku  swasana ing candhi kepapat   sing disambangi Djaka Lodang (DL) dina iku. Sadurunge Candhi Ijo, DL wis nyambangi Candhi Sambisari, Candhi Sari, lan Candhi Kalasan  kang dumunung ing sakiwa tengen  dalan gedhe Yogyakarta – Solo. Candhi Sari lan Candhi Kalasan duweni sambung rapet kang cedhak. Miturut Prasasti Kalasan taun 700 Saka utawa taun 778 Masehi , asrama para biara (biksu) Budhis dumunung ing Candhi Sari kang adohe watara 500 meter saelor wetan Candhi Kalasan.  Wutuhe, Candhi Kalasan kedaden saka candhi babon (induk) sing dikupengi 52 stupa. Ananging,    Candhi  Kalasan klebu candhi kang durung nate diwutuhake maneh (dipugar, direkonstruksi)  kaya Candhi Prambanan, Candhi  Sewu, Candhi Plaosan Lor – Kidul, Candi Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyuniba, apadene  Candhi Sajiwan. Apa alasane  Candhi Kalasan durung nate dipugar, tekan wektu iki durung ana alasan kang gumathok. 
Saka Kalasan, DL banjur  mengetan tumuju Candhi Prambanan, Candhi Sewu, Candhi Bubrah, Candhi Plaosan Lor lan Candhi Plaoasan Kidul, Candhi utawa Kraton Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyunibo, lan Candhi Sojiwan. Antarane candhi cacah 13 iki kang paling mranani Candhi Ijo lan Candhi Sojiwan. Jalaran candhi leloro iki ana kang isih dipugar (Candhi Ijo) lan ana sing wis purna pugar (Candhi Sojiwan).
Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa  ngliwati  dalan arah mengidul Prambanan –Piyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan ana dalan mengetan  ngunggahi  sikile Pegunungan Sewu iring elor ing desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sleman, Yogyakarta.  Dalane nracak dhuwur tur  rusak krana kanggo lalu lintas ngusung watu saka papan-papan penambangan watu putih. Sawise ngunggahi dalan nracak  adohe watara  3 km iku  ketug Komplek Candhi Ijo sing dumunung ing dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Sleman. Candhi  ing papan  dhuwure 375 meter  saka lumahe banyu segara iki   ditemokake  taun 1886 dening  H.E. Doorepaal, sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing madik papan kanggo kebon tebu. Sabanjure C.A. Rosemeler  nemokake reca  cacah telu. Taun 1887 Dr. J. Groneman ngedhuk papan iku (ekskavasi) ingga nemokake lembaran emas sing ana tulisane (prasasti, ali-ali emas, lan wiji-wijian.
 Komplek Candhi Ijo dumunung ing 3 undhak-undhakan (teras), saka kulon (ngisor dhewe) mengetan (paling dhuwur). Beda karo Candhi  Prambanan utawa Candhi Sewu sing punjere candhi babon (induk) ana tengah,  Candhi Ijo punjere  ana teras  dhuwur dhewe kaya pecandhen ing Jawa Timur. Sumber keterangan baku Candhi Ijo  saka Prasasti Poh (806 Masehi) sing nyebutake sawenehe dhayoh sing ngestreni upacara kang asale saka desa Ijo ( Sansekerta: “anak wanua I wuang hijo”).
Landhesan isi Prasati Poh, sabanjure candhi IJo sing kedaden saka 17 candhi lan mapan ing 11 teras  saka kulon (ngisor) mengetan (dhuwur), dipugar. Bangunan induk dumunung ing teras paling dhuwur sing kedaden saka candhi induk lan 3 candhi pengamping (perwara), wektu iki wis madeg becik. Dene bangunan ing teras sangisore isih sajerone rekonstruksi.
Miturut satpam Candhi  Sojiwan , Sumardi,  wektu iki candhi Sojiwan wis purnapugar lan kari nunggu peresmiane sasi Oktober 20011. Menawa Candhi Ijo nyuguhake sesawangan krana wisatawan bisa mriksani menyang papan adoh  ing sangisore pegunungan, Candhi Sojiwan nyuguhake candhi kang endah ing tengahe plataran jembar  sineling  wit-wit pule umure atusan taun.Candhi Sojiwan  sing ora adih saka Candhi Prambanan dumunung  watara 500 m sakidul dalan Yogyakarta – Solo mapan ing desa Kebondalem, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah. *     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar