TLAGA
SARANGAN
Cocok Kanggo Plesiran Wayahe Liburan Panjang
Tlaga Sarangan uga disebut Tlaga Pasir dumunung ing perenge Gunung
Lawu (3.267 meter) sing dhuwure watara 1.287 meter saka lumahe banyu
segara. Tlaga alam sing jerone nyandhak 40 meter iki adohe 17 km
sakulon kutha Magetan utawa 60 km saka kutha Surakarta. Tlaga Sarangan
mapan ing desa Ngerong, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Jawa
Timur.
Senajan Tlaga Sarangan kaloka dadi papan plesiran wiwit jaman
penjajahan Walanda nanging lingkungan alame ora patiya akeh owahe.
Sakiwa tengen tlaga dikebaki alas ketel lan Pegunungan Sidaramping sing
sawayah-wayah kabuntel pedhut kandel. Mula hawane atis (18-23 drajat
Celsius). Sumber banyu tlaga dumunung ing telung grojogan yaiku Watu
Andha, Pundhak Kiwa, lan Jarakan. Saka grojogan tetelu, banyu sing
bening, resik, lan adhem njejet, ngebaki tlaga sing jembare watara 30
hektar iki. Banyu tlaga sabanjure dienggo kebutuhan penduduk klebu
kanggo olah tetanen kebon strawberi.
Minangka papan plesiran kuna, Tlaga Sarangan nyedhiyakake sakehe
kebutuhan wisatawan. Sing pengin praon sumadhiya 50 prau motor (tarip
Rp 40.000), sing ngersakake ngubengi tlaga sumadhiya jaran (tarip Rp
30.000), sing ngersakake nginep ana 43 hotel kelas melathi lan
penginepan. Uga akeh papan kanggo mundhut oleh-oleh, klebu panganan khas
Madiun, brem. Warung mangan paling akeh: sate terwelu kanthi tarip Rp
7.000 ( 20 sunduk).
Tindak Tlaga Sarangan bisa saka 2 jurusan yaiku saka wetan -
mengulon liwat kutha Magetan, Jawa Timur, adohe 17 km, utawa saka iring
kulon – mengetan kutha Karanganyar adohe 40 km. Saka Magetan, dalane
luwih empeh lan bisa mampir mundhut souvenir saka kulit apadene lempeng
kas Magetan. Saka kulon, liwat dalan kutha Karanganyar tumuju
Tawangmangu. Saka Tawangmangu, wisatawan sing arep tindak Tlaga Sarangan
mengetan ngunggahi dalan nracak pereng gunung sing kadhangkala
jejege nyedhaki 45 drajat. Dalan nrabas alas iki bakal tekan
Cemarasewu, sawenehe papan ngaso ing tapel wates Jawa Tengah - Jawa
Timur. Cemarasewu sing dhuwure nyedhaki 2.000 meter saka lumahe banyu
segara kejaba adhem, kerep kekemul pedhut, uga nyuguhake sesawangan
endah. Ing kene wisatawan bisa ngaso sawetara sinambi ngunjuk lan dhahar
ing warung-warung sakiwa tengen dalan. Saka Cemarasewu wisatawan terus
tindak ngidul ngetan, ngliwati dalan sing sebageyan njuleg tekan Tlaga
Sarangan. Senajan dalane nracak lan njuleg, dalan saka
Tawangmangu-Cemarasewu-tekan Sarangan, jembar lan mulus ingga katon
bawera. Mung nalika pedhut kandel, perlu waspada lan ngati-ati.
Pereng Gunung Lawu, pancen kaloka dadi papan plesiran
ngelam-elami krana duweni daya tarik mirunggan (eksotis): hawa adhem,
sesawangan endah, lan alami wujud alas gunung. Pereng kulon Lawu sing
mlebu tlatah Karanganyar ana Tawangmangu lan Grojogan Sewu (dhuwure 80
meter), Candhi Sukuh, Candhi Cetha, Makam Mangadeg, Makam Girilayu,
Makam Giribangun, Wadhuk Lalung, lan Wadhuk Delingan. Candhi Cetha sing
ngemperi Puri Besakih ing Bali kejaba endah uga dikupengi kebon teh kaya
Puncak Pass ing Bogor. Pereng wetan Lawu, kejaba Tlaga Sarangan uga ana
Wadhuk Poncol. Sacedhak Tlaga Sarangan uga ana wanawisata kanggo
rekreasi, pelatihan, mainan, apadene kemah.
Watara taun 1950-an eksotisme Tlaga Sarangan digambarake dening sawenehe
komponis sajerone langgam Telaga Sarangan : Teduh sunyi damai tenang
telaga Sarangan / Indah bukan buatan / Pemandangannya untuk bertamasya /
Tempat margasatwa mandi / Berkecimpung ria / Bebas menghias diri /
Kicauan murai di tepian tlaga / Kolam air ciptaan Tuhan / Berpagar
bukit-bukit rimba / Tempat insan datang / Tuk menghibur lara / Di
kakinya Gunung Lawu / Di situ tempatnya / Kagum aku memnadang /
Keindahannya o rahasia alam “. Ayo tindak Tlaga Satrangan mumpung
liburanb panjang, panjenengan bakal nyekseni endahe sesawangan alam lan
segere hawa pegunungan.*
Sanjaya –DL)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar